CERKAK JAWA
SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah
kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan
adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile
sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul.
Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah
kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing
ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke
digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu
Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep
ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude
kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau
nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas,
banjur dheweke ngenalke awake.
” Je . . jeneng . .
jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess .
. SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau
ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep
diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling
gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk,
sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune
morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia
kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki
kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi
buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo
aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah
pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek
karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem
cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa
pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku
dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora
mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung
kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri
nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan
kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku
lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke
ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku
ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi
mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan
sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku
ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar
ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca
sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca
njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku
muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe.
Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah
gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu
jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras
sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri
manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing
megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti
tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita
nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri
nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan
tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela, mripate
nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe
kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane
sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane.
Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri
sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak
nduwe penyakit sing padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Adri ting
pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis
dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, ”
Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan
kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri
wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang
Adri.
Teka-teka Bu Neli takon,
”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas
saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Adr
pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun
amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan
pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas
mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih
nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura
yo .. .”